Yoo.. Hindari Perilaku Korup...!!

Rabu, 10 Juli 2013

INGON BABI MAMPANGAT APA MUDHARAT? (Versi Ngapak)

Sedulur Ngapak nang ngendi paran, khususe sing nang wilayah Dulongmas (Kedu-Pekalongan-Banyumas), Barlingmascakeb (Banjarnegara-Purbalingga-Banyumas-Cilacap-Kebumen) utawane Linggamas (Purbalingga-Banyumas), kiye ana plekara sing wigati tumrape bebrayan umat Islam lan kudu bisa dirampungi bareng-bareng mawi cara sing kepenak lan elegan, yakuwe anane ingon (ternak) babi nang tlatah nduwur mau.
Kanggo kawigaten kiye ana referensi sing bisa dienggo mretimbang.

Pandemi Flu Babi

Pirang-pirang dina kiye menungsa selumahing bumi digawe geger merga anane prenyakit “FLU BABI”, malah Badan Kesehatan Dunia WHO ngemutaken yen potensi Flu Babi nang Meksiko bisa dadi pandemi sandunya. WHO wanti-wanti warga ndunya kudu waspada.

Prenyakit kiye merga virus flu kombinasi antarane matrial genetik sekang babi, bangsane manuk, lan menungsa. Efeke lewih ganas ketimbang virus flu burung. Nang Meksiko, wis lewih sekang 100 wong mati lan lewih sekang sewu wong dirawat merga ketularan flu babi.

Pemrentah ngkana mutusaken nutup sawetara fasilitas publik kaya dene sekolahan, museum, perpustakaan, lan bioskop nggo nyegah sumebare virus. Pemrentah mbagi masker lan sengkud mbresihi area publik.

Dalil Naqli

Dalil Naqli kuwe ketrangan sing sumbere sekang Al Qur'an lan Hadits.
Gusti Alloh SWT sejatine ngharamaken babi, kiye firman-firmanne:

1. QS. Al Baqarah (2) : 173 :
”Jan-jane Alloh mung ngharamaken kanggone kowe bathang, getih, daging babi, lan kewan sing (wektu disembeleh) disebutaken (asma) seliyane Alloh[108]. Ningen sapa wonge angger kepeksa (mangan) sedeng dheweke ora karep mangan lan ora (uga) ngliwati wates, ora nana dosa kanggo dheweke. Sejatine Alloh Maha Paring Pangapura lan Welas Asih”.

2. QS. Al Maa'idah (5) : 3 :
”Diharamaken kanggone kowe (mangan) bathang, getih, daging babi, (daging kewan) sing disembeleh nganggo aran seliyane Alloh, sing ketekek (kendhat/kecekik), kethuthuk, tiba, ketumbleg sungu, lan dikerah kewan galak, kejaba kowe kober (gagean) nyembeleh, lan (diharamaken kanggone kowe) sing disembeleh nggo patung (berhala). Lan (diharamaken uga) ngundi nasib ngambi bedor panah, (ngundi nasib ngambi bedor panah kuwe) mujudaken kefasikan. Dina kiye wong-wong kafir wis padha putus asa (ngalahaken) agama kowe, mulane kowe aja wedi maring dheweke lan wedia maring Inyong. Dina kiye wis tek sempurnakena nggo kowe agama kowe, lan wis tek cukupi nggo kowe nikmat-Inyong, lan wis Inyong-ridhai Islam kuwe dadi agama kanggone kowe. Mulane sapa baen sing kepeksa merga kencoten ora katimaha gawe dosa, sejatine Alloh Maha Paring Pangapura lan Maha Welas Asih.

3. QS. Al An’am (6) : 145 :
”Omongna:"Oranana pekolih nang wahyu sing diwahyukaken meng Inyong, salah sijine sing diharamaken kanggone wong sing garep mangan, kejaba angger panganan kuwe bathang, atawa getih sing mili utawa daging babi - merga sejatine kabeh kuwe kotor – utawa kewan sing disembeleh nganggo aran seliyane Alloh. Sapa wonge sing kepeksa, sedheng dheweke ora duwe kepenginan lan ora (uga) ngliwati wates, sejatine Gusti Alloh Maha Paring Pangapura lan Maha Welas Asih."

4. QS. An Nahl (16) : 115 :
”Sejatine Alloh mung ngharamaken kanggone kowe (mangan) bathang, getih, daging babi lan apa baen sing disembeleh mawi nyebut aran seliane Alloh; ningen sapa wonge sing kepeksa mangan ora nganggo kaniaya lan ora uga ngliwati wates, sejatine Alloh Maha Paring Pangapura lan Maha Welas Asih”.

Senajan Al-Qur’an nggunakaken istilah lakhma, harame babi ora mung daginge thok, klebu kabeh sekojur perangan awak babi. Tinemu kiye padha ngambi kaidah ushul fiqh: min dzikri’l-juz I wa iradati’l kulli. Tegese sing disebutaken sebagian ningen sing dimangsud kabeh perangan ngawak babi.

Babagan daging babi ngandung cacing pita (taenia solium), meh kabeh wong wis ngerti. Nyatane ora kuwe thok sing mbebayani. Gajih babi ngandung kolesterol paling dhuwur dibandingaken ngambi gajih kewan liyane. Dene getihe ngandung asem urat paling dhuwur uga. Asem urat mujudaken zat sejroning getih sing marakaken prenyakit tumrap menungsa. Wis dadi rahasia umum, paling semendhing ana 70 jenis prenyakit babi, sebagian antarane bisa ditularaken maring wong sing mangan daginge.

Seperangan maning disebutaken nang Dr. Murad Hoffman, umat Muslim Jerman, nang bukune “Olah Pikir : Catetan Pedinan Muslim Jerman”, kaca 130-131: “Mangan daging babi ora mung ketularan cacing sing mbebayani, ningen marakaken ningkate kandungan kolesterol lan ngganggu proses olah protein sejroning awak, sing akibate dadi kanker usus, iritasi kulit, eksim, lan rematik. Jane toli wis padha mudheng, yen virus-virus influenza sing mbebayani urip lan dadi branahan nang mangsa (musim) panas liwat medium babi?”

Dr. Muhammad Abdul Khair, nang bukune Ijtihâdât fi at Tafsîr antarane nyebutaken yen penderita prenyakit kiye nang negara-negara sing penduduke mangan babi, dadi ningkat drastis. Nang negara-negara Eropa, Amerika, lan negara-negara Asia (Cina lan India). Sedheng nang negara-negara Islam, prosentasene endhep banget, sekitar 1/1000. Kasil penelitian kiye dipublikasi tahun 1986, nang Konferensi Tahunan Sedunia ngenani Prenyakit Alat Pencernaan, sing dianakaken nang Sao Paulo.
Siki awake dhewek wis padha sadhar, hikmahe Gusti Allah ngharamaken daging lan gajih babi. Nggo pengerten kabeh, ngharamaken kuwe ora mung daginge thok, klebu kabeh panganan sing dicanpuri gajih babi, contone kaya permen lan coklat, uga roti sing disiram ngambi gajih babi.

Preyogane sedurunge mangan panganan sing nganggo gajih kewan kudu digatekaken/ditliti kuwe gajih apa? Aja langsung dipangan angger durung yakin yen panganan kuwe ora ngandhung gajih/lenga babi. Dadi awake dhewek ora nganti kejeblos maring kemaksiatan sing di murka Allah SWT.

Dalil Aqli

Nggo pengerten, dalil Aqli kuwe keterangan sing landesane akal/rasional.

Babagan daging babi haram dipangan, Islam wis nglarang segala rupaning getih/didih. Analisa kimia ngenani getih kuwe ngandung uric acid (asem urat) sing dhuwur, salah sijine senyawa kimia sing mbebayani tumrap kesehatan menungsa, lan nduweni sifat racun. Uric acid sejatine runtah nang njero getih lewihan metabolisme ora sempurna sing marakaken kandungan purine nang njero panganan. Sejroning awak menungsa, senyawa ditokena dadi kotoran, lan 98% sekang uric acid njero ngawak ditokena sekang getih liwat ginjal, mbanjut dibuang dadi banyu uyuh.

Miturut ajaran Islam ana prosedur khusus wektu nyembeleh kewan, yakuwe nyebut asmane Gusti Alloh sing Maha Kuasa, ngiris urat nadi nang gulu kewan, ngambi ngejor urat-urat lan organ-organ liyane tetep wutuh.

Cara kiye kewan mati merga awake kentongan getih, dudu merga sekang cidra organ vitale. Sebab angger cidra organ vitale kaya jantung, ati, utawa uteke rusak, kewan kuwe matine theksek lan getihe mronthol kenthel nang urat-urate sing akhire dadi cemaring daging, akibate kewan keracunan uric acid. Siki para ahli panganan nembe sadhar babagan kiye, subhanalloh.

Awake dhewek apa wis padha mudheng babi ora jegos disembeleh gulune? Mergane babi ora duwe gulu, cocog ngambi anatomi alamiahe?
Kanggone wong muslim, angger babi kiye halal, mesthine Gusti Alloh gawe gulu babi mbokan?

Elmu Kedokteran wis ngreteni yen babi kuwe jane dadi inang rupa-rupa parasit sing mbebayani, sistem biochemistry babi mung jegos ngetokaken 2% kandungan uric acide, lewihane sing 98% tetep kesimpen nang njero awake.

Kasil Penelitiane Para Ahli
 
Babi kuwe jane kewan sing paling nyreweneh, seneng mbadhog bathang, taine dhewek lan kotoran menungsa ya doyan. Seneng banget nang panggonan kotor, ora seneng papan bresih lan gere. Babi klebu kewan kesed lan bebeh nggolet badhogane dhewek, ora tahan sorot srengenge, mblubud, ningen drobala (seneng badhog ngambi molor), malahan paling suthakah dibandhing kewan liyane. Angger umure nambah, dadi nambah kesede lan tlemba-tlembo (ora kodal bela diri). Homo lan ora cemburuan A.V. Nalbandov lan N.V. Nalbandov (Ref. Buku : Adaptive physiology on mammals and birds). Konsumen daging babi sering ngrasakaken daging babi mambu pesing. Miturut penelitian ilmiah, disebabaken praeputium babi sering bocor, dadi urine babi mrembes maring daging. Gajih gigir babi kandel, babi duwe back fat (lemak gigir) sing lumayan kandel. Konsumen babi sering milih daging babi sing gajih gigire tipis, tambah tipis gajih gigire dianggep tambah apik kualitase. Sipat gajih gigir babi kuwe gampang ngalami oxidative rancidity, dadi angger dideleng sekang struktur kimiane jane ora layak konsumsi.


Babi Ingon = Babi Utan (Celeng) = Haram
Babi klebu salah sijine kewan drobala sing ora nana tandhinge. Asal ana panganan neng ngarepe langsung dibadhog. Angger wetenge wis buthung, utawane badhogane wis entong, isi wadhuke dimuntahaken banjut dibadhog maning, nggo maremaken mangase. Dadi ora bakal mandheg badhog, senajan muntahane utawa taine dheweke. Babi kuwe kewan mamalia siji-sijine sing doyan lemah, bisa mbadhog akeh tur suwe angger dejor.
Pakulitane wong sing doyan mangan daging babi mambu sadheg. Penelitian ilmiah modern nang negara Cina lan Swedia, nyatakaken yen: "Daging babi marakaken kanker anus & kolon". Presentase pasien sing kena prenyakit kiye nang negara-negara sing penduduke mangan babi ningkat drastis, utamane negara-negara Eropa, Amerika, lan negara-negara Asia (Cina lan India).
Beda maning nang negara-negara Islam, presentasene endep, sekitar 1/1000. Kasil penelitian ngenani Prenyakit Organ Pencernaan kiye dipublikasikaken tahun 1986, nang Konferensi Tahunan Sedunia nang Sao Paulo. Babi ngandung rupa-rupa parasit, bakteri, malah virus sing mbilaeni, mulane diarani Reservoir Penyakit. Gara-gara babi, virus Avian Influenza dadi ganas. Virus normal AI (Strain H1N1 lan H2N1) jane ora bakal nular langsung maring menungsa. Virus AI mati nek dipanasi 60ºC lewih-lewih angger digodhog nganti umeb. Nek ana babi, nang njero awak babi, Virus AI ngalami mutasi & tingkat virulensine bisa munggah nganti dadi H5N1. Virus AI Strain H5N1 bisa nular maring menungsa. Virus H5N1 kiye Tahun 1968 nyerang Hongkong lan mateni 700.000 wong (diarani Flu Hongkong).

Senajan empuk lan keton enak tur lezat, daging babi angel banget dicerna mergane kakehan ngandung gajih. Ibarate racun, kayadene kholesterol! Seliane kuwe, daging babi nyebabaken prenyakit werna-werna kayadene: ngatosna urat nadi, darah tinggi, lara dada sing keliwat-liwat (angina pectoris), lan radang sendi.

Sekitar th 2001 tau kedaden para dokter Amerika kasil ngetokaken cacing sing urip nang uteke wong wadon, sewise pirang-pirang wektu ngalami gangguan kesehatan sing dirasa sewise mangan panganan khas Meksiko sing kewentar wujud daging babi, hamburger (ham = babi, sebab asline, hamburger kuwe sekang daging babi).
Wong wadon kuwe preslah yen awake lungkrah (lemes) suwene 3 minggu sebubare mangan daging babi. Endhog cacing mau nempel nang ususe wong wadon mau, mbanjut mlaku bareng lajune getih nganti tekan pontong awak, yakuwe utek.
Mbareng cacing wis getug ngutek, wiwitane marakaken mriang enteng, suwe-suwe mati lan ora teles metu sekang utek. Plekara kiye nyebabaken dis-fungsi banget-banget tumrape susunan organ nang daerah sing ngubengi cacing mau nang njero ngutek. Prenyakit-prenyakit "cacing pita" mangrupa prenyakit mbebayani sing kedadiane liwat konsumsi daging babi. Urip nang usus 12 jari-ne menungsa, pirang-pirang wulan sebanjure cacing mau dadi dewasa. Cacahe cacing pita bisa nganti ”1000 iji sing dawane antara 4-10 meter”, urip nang njero usus menungsa lan terus-terusan ngetokaken endhoge liwat BAB (buang air besar).

Salah sijine artikel nyebutaken:”Yen menungsa kuwe kelakuane miturut apa sing dipangan”.
Peneliti IPB (arane kelalen) tau nliti struktur DNA babi. Sing marakaken kaget, kuwe salah sijine struktur gen babi memper karo struktur gen menungsa. Dadi bisa dipadhakaken gen babi=gen menungsa, alias menungsa mangan menungsa (=kanibal), subhanallah. Dadi ana benere artikel mau nyebutaken angger mangan babi marakaken karakter babi nempel maring sing mangan, ora maring awake dhewek, bisa dadi maring keturunane ! wallahu a’lam.

Kenyatan Lapangan

Ingon babi nang wewengkon Jawa Tengah, khususe dulongmas, barlingmascakeb lan linggamas egin akeh. Regulasi sing ngatur perizinan egin gemampang banget, istilahe nggrepeng utawane tledor. Dinas daerah terkait sing duwe kuasa ngetokaken izin ora nganggo kajian mateng. Sing kudune ana syarat ora ngganggu akidah, ora ngganggu lingkungan tangga teparo, kudu duwe instalasi pengolahan limbah, lan pengawasan distribusi, kabeh ora dicumponi. Paribasane cul leos. Mulane pengusaha babi dadi ningkring. Umume lokasi kandhang disogna neng daerah sing wargane egin lombo, cuek, ngablu utawane egin kurang tumrap pengertian agamane.

Babagan gangguan lingkungan wis cetha wela-wela. Limbah kotoran babi sing kudune dikelola nganggo IPAL dibuang langsung meng pengairan umum. Contone peternakan babi nang Padamara, dusun Sokasada lan Dusun Kedungjati Desa Kedungbenda Kecamatan Kemangkon Kab. Purbalingga. Lokasi kandang babi disog parek pinggir kali Klawing. Mbuange kotoran babi sesingidan angger warga sekubeng kandhang egin padha turu ngorok utawane lagi udan gemrejeg, limbah diilekaken meng kali Klawing langsung sekang kandhang. Mulane najis dadi nyebar mlarah-mlarah tekan ngendi ora melu ilen kali sengisore kandhang. Wong sing nang sisih ngisor ora ngreti yen banyu kali wis kewutahan najis. Mulane saking ora ngertine egin ana sing ngarahi gragal utawa wedhi, iwak kali, mancing, nener, adus, umbah-umbah, malah dienggo wudlu maning. Kejaba kaya kuwe, ambune kotoran babi ya bubar kegawa angin meng endi ora, marekaken muyengi, weteng neg munyel-munyel kepengin mutah. Nauzubilah himindalik.
 
Miturut info valid, wong sing padha ngodhe nang ngkono dibayar murah, ora olih jaminan kesehatan, lan resiko ketularan prenyakit babi.

Pengusaha ingon babi presasat didadekaken mesin ATM instan nang saweneh oknum aparat utawane perorangan, sing kudune dadi pengawas malah dadi pager mangan tanduran.
Kanggone pengusaha sing penting bisnise ora keganggu, bathine gedhe, ingone aman lan urusane ora kakehan sengek.

Dadi ingon babi nang wilayah ndhuwur mau kudune ora nana angger pejabate tegas, pemuka agama ngambi pemuka masyarakate laras, lan wargane cerdhas.
Bisa didadekena conto Provinsi Jawa Barat lan Kota Bandung, pejabat Gubernur lan Walikotane nolak ingon babi demunung nang wewengkone, mergane ngrusak akidah. Pejabate egin wedi mlebu maring geni neraka. Salut.

Rasulullah SAW negasaken yen babi kuwe lewih akeh mudharate.

Moga-moga tulisan kiye mampangat kanggo para sedulur lan umat Islam khususe.! Aamiin.

Doc. by Bio

Tidak ada komentar:

Posting Komentar