Yoo.. Hindari Perilaku Korup...!!

Kamis, 09 Mei 2013

PAGUYUBAN PERANTAU PURBALINGGA (PAPELING)


Info, Ngapak*


Purbalingga nduwe PAPELING ? Barang, kewan utawa panganan apa sih kuwe?
Esih urung mudheng? Kebangeten… judhul nduwur toli wis cetha wela-wela..
Lha siki pretakonane nangendi kuwe nggone? Wangsulane; waca terus nganti tutug!
Sapa sing ora ngerti Purbalingga…!, angger ana wong takon nang ngendi genohe ?
Wangsulane :”rika ngerti Owabong ? Sumanto? knalpot? Idep palsu? Jendral Soedirman? kuwe nang ngkono nggone”, pelas yuyu… mbokan!Angger egin urung mudheng de glitho sisan mbun-mbunane, bocah koh nggadur… ora mangan sekolahan apa!

Angger tetep egin urung mudheng baen kiye dimatena; Purbalingga kuwe kota sing pepek apa baen ana!.
Wisata alam: Gua Lawa, ciblonan banyu Awabong, garep ngendhang (ngeli) nang kali Klawing ya kena, Sanggaluri Park, akuarium iwak gedhe Purbayasa, kebon Strobery, Musium Prangko, Monumen Jendral Soedirman.
Budaya : klangenan gendhing Mbanyumasane Kang mBono, garep ngrungokna lagon Campursari “Dedy pitak”, ndangdutan “Purwasari” lan nggo bocah nom Band “SAISOKU", ibing-ibingan kaya ebeg, calung, lengger, aplang, genjringan kabeh ana gari milih.
Industri Kerajinan: ganti knalpot sing maen ya teyeng, agep nutupi endhas gundhul nganggo wig ya teles.
Kuliner: garep mangan mendhoan seboyehe nganti wudele mengo utawa amlik-amlik liyane gari meng Alun-alun tengah ngkota, buntil Karangbanjar, garep nyambel ana karang cengis,karang kemiri, pepek…! kabeh srawa ana neng Purbalingga!
Purbalingga siki wis modern lan kewentar guyube.
Neng ndi paran rika teyeng ketemu sedulur Purbalingga merga melu Papeling.
Angger wis melu Papeling, rasane kaya lagi kumpul karo sanak sedulur.
Papeling
kuwe dudu bendera politik, dudu calon Bupati, ningen bisa gawe contoh maring pemrentah, wis  akeh kegiatan sing manfangate gedhe pisan nggo warga Purbalingga. Rika padha mesthi gumun keliwat gumun, Papeling kuwe guyube dudu neng perantauan thok , angger bali ndesa ya cokan padha endong-endongan.

Mulane inyong karo rika padha kudu mongkog utawa bangga maring kotane dhewek
Purbalingga, kota sing maju pembangunane, sing akeh nggon wisatane, guyub wargane, maju terus Papeling, maju terus Purbalingga.
Kuwe pambukane Wahyu Triono nang :


Sejarah Ngedadiane PAPELING

Diwiwiti ide sekang komunitas Facebook, tanggal 18 Desember 2010 PAPELING dideklarasikaken pas bareng karo HAUL kota Purbalingga.
Tanggal 25 Desember 2010 dedhapuk pengurusan wiwitan, anggotane kurang-lewih nembe 30 wong.
Susunan pengurus kumplite kaya kiye :
Ketua Dewan Pembina 
Bpk. Purbadi Harjoprajitno.
Bpk. Triono Budi Sasongko.
Bpk. Sumbono AR.

Ketua Dewan Penasehat
Bpk. Ali Safrudin.

Ketua Umum
Bpk. Widi Harsono.

Wak
il Ketua Umum
Bpk. Khasirin.

Sekretaris 
Ibu Ely Qori'ah.

Bendahara 
Bpk. Sunarso.

Visi 
Menjadikan PAPELING sebagai wadah silaturahmi sesama warga Purbalingga yang berada di Perantauan.

Misi 
Menjadikan PAPELING sebagai organisasi sosial kemasyarakatan dalam ruang lingkup yang ada di perantauan,guna mendorong terciptanya rasa kebersamaan antar anggota dengan latar belakang dan karakter yang berbeda sehingga dapat menumbuhkan rasa kecintaan terhadap daerah asal.

Motto 
"MAYUH BARENG-BARENG BEBRAYAN NENG PERANTAUAN".

Mbeneri wulan M
aret 2011 PAPELING nganakaken kopdar (temu rai) wiwitan nang Bumi Perkemahan Ragunan, ditekani ora kurang sekang 500 wong sa-wilayah Jabodetabek, wektu semeno Dewan Pembina Papeling Bpk. Purbadi Harjoprajitno rawuh. Nganti tekan wektu siki kecathet anggotane 700 wong, dibagi dadi 9 korwil sa-Jabodetabek.

 
Kegiatan Sosial Kemasyarakatan Sing Wis Tau Dianakaken PAPELING

1.
Juli 2011 PAPELING bareng ngambi Disbudparpora Purbalingga melu Festival Kuliner sa-Jawa Tengah, wektu kuwe Purbalingga olih juara harapan loro.

2
. Nganakaken mudik gratis bareng Paguyuban Jawa Tengah.

3
. Tanggal 1 September 2011 PAPELING nganakaken acara halal bihalal lan santunan anak yatim nang gedhong Mahesa Jenar Purbalingga , detekani kurang-lewih 1000 wong.
Bpk. Bupati Purbalingga, Kepala Depag Purbalingga, lan Kepala Disbudparpora Purbalingga, ya rawuh.

4
. Desember 2011 PAPELING seksi Olah Raga Bpk. Slamet Mugianto nganakaken acara turnament Futsal sa-Jabodetabek , sing melu 9 Korwil Papeling, ngrebut piala bergilir PAPELING, diterusaken tanggal 18 Desember 2011 nang Bumi Perkemahan Cibubur PAPELING nggelar Milad wiwitan, ditekani 800 wong. Wektu kuwe Ketua Dewan Pembina PAPELING Bpk. Purbadi Harjoprajitno, ya rawuh.

5
. Musibah angin lisus sarataun kota Purbalingga awal Februari 2012, PAPELING nggalang dana lan kumpul 12 juta, njut kerjasama ngambi Dinas Penanggulangan Bencana Daerah Purbalingga Bpk. Priyo Satmoko aweh bantuan maring korban ninggal, tatu abot lan sing umahe terisolasi.

6
. Tanggal 24 Juni 2012, Seksi Peranan Wanita PAPELING Ibu Sri Rahardjo Putri, nang Bumi Perkemahan Ragunan, nganakaken acara lomba masak antar korwil PAPELING sa- Jabodetabek, festival jajanan khas Purbalingga lan Banyumas, ditekani 1000 wong, Dewan Pembina Papeling Bpk. Purbadi Harjoprajitno, Bpk. Triono Budisasongko, Bpk. Sumbono AR, sekang Paguyuban Jawa Tengah Bpk. Untung, KKB. Bpk. Koes Wandi lan Bpk. Ali Rahmat, lan Kepala Cabang Bank Jateng Cabang Jakarta Bpk. Anton, ya padha rawuh….  Alhamdulillah padha guyub temen kuwe ya luuur…, inyong melu seneng.!

7
. Tanggal 13 Agustus 2012 PAPELING nyengkuyung acara mudik gratis sing kaping pindhone bareng karo Paguyuban Jawa Tengah lan BPD Jateng.
Nyamleng laah.. pokoke.

8
. Tanggal 22 Agustus 2012 nang Pendopo Wakil Bupati PAPELING nganakaken acara halal bihalal ditekani 800 wong, Bpk. Bupati lan Wakil Bupati Purbalingga rawuh. Seseseehh…sregep temen ramane inyong yah.., syukur kena nggo conto!

9
. Pengangkah ngarepe PAPELING kepengin gawe KOPERASI...

Kiye info kegiatan
PAPELING (Paguyuban Perantau Purbalingga), kanti penyuunan bisaa tetep lestari lan teyeng nyumbang daya nggo kemajuane Bralink.

Kang Darmanto ngemutena aja nganti kelalen piwuruke wong tua
:
"AJA GEGOH, AJA REANG, SING GUYUB-RUKUN, MBANGUN BANGSANE DHEWEK"


Pengurus Anyar Papeling Masa Bhakti 2012-2015, Wahyu Triono Ketua Umum

Tanggal 25 Nopember 2012 manggon nang  Gedong Muhammadiyah, Slipi, Jakarta Barat, Panitia Pemilihan Ketua Umum  kasil milih Ketua Umum Paguyuban Perantau Purbalingga Masa Bhakti 2012-2015 sing anyar.

Alhamdulillah…,  prosese demokratis tur lancar.
 Pemilihan Ketua Umum disengkuyung 40 wong sekang 52 wong sing nduweni hak suara. Wektu dietung biting Calon Ketua Umum pekolehane swara sekang telung Calon yakuwe: Bpk. Khasirin, Bpk. Wahyu Triono lan Bpk Maryoto, suasanane gayeng lan ramai. Peserta surak-surak lan ger-geran, jaaan…. keton guyub temenan goli peseduluran.
Bandingan olihing swara Bpk. Wahyu Triono 19 swara, Bpk. Khasirin 14 swara lan Bpk. Maryoto 7 swara.
Kandidat Calon Ketua Umum Papeling Masa Bhakti 2012-2015 Bpk. Wahyu Triono kasil olih suara paling akeh.
Mageh padha nyambut gawe sing bener…. Slamet ya Kang Wahyu,....
Kiye mau preslahe Kang Darmanto Dharma Sehat nang :

Nduwur mau info anane paguyuban Bralink sing struktur organisasine setingkat Kulabangga, HIPPMAS (Himpunan Putra-Putri Banyumasan), Paguwarmas (Paguyuban Warga Maos), PASEBAN (Paseduluran Banyumas), Pawarso (Paguyuban Warga Sokaraja), Keluarga Braling Jaya, IWNP (Ikatan Warga Notog), IKABARATA (Ikatan Keluarga Banjarnegara), IKACAP (Ikatan Keluarga Cilacap), PASEBAN (Paseduluran Banyumas), lan liya-liyane sing dikoordinatori KKB (Kerukunan Keluarga Banyumas) khusus nang wilayah Jabodetabek.
Ditambah maning Paguyuban Linggamas lan Rangkul Kroya nang Wilayah Bandung Raya, uga paguyuban-paguyuban nang daerah liya egin akeh maning urung diinventarisir.
Tujuane siji; silaturahmi ngrukunaken warga ngapak nang endi paran lan ndukung pembangunan tanah wutah getih Bralink, Satria, Gilar-gilar, Bercahaya lan sekubenge.
Salaman Kang Wahyu…..! Sing penting “NGAPAK”.

Dirangkum nang Mudibyo WHS, S.AP, M.M, Pembina Paguyuban Linggamas Bandung.

Doc. by Bio