Yoo.. Hindari Perilaku Korup...!!

Jumat, 17 Mei 2013

ENTUT MBURUT (Versi Ngapak)

Ilustrasi
Wong agi jengkel, kesuh, medhegel apa keprigen?, gawe judul tulisan koh ‘Entut Mburut’....!!
Aja mecucu dhimin...! Kiye dudu semblothongan utawane mbejujag.
Wong urip angger egin teyeng ngentut rasane lega embok?
Ngonoh dipikir, upamane weteng kembung muthung-muthung, mules, kringete byuk-byukan, sedina med ora teyeng ngentut, mesthi rasane ora karu-karuan, ora kepenak, mbanjut sembarang gawe ora genah apa sing garep dimek. Angger wis kaya kuwe nembe baen gedabisan nambakena maring dokter, dhukun, utawane tukang urut ngarahe teyeng ‘dhuuut’ thok mbokan?.

Sapa wonge sing seneng mambu entut. Muyengi, marakena mutah,…bacin maning! Kira-kira ana apa ora ya.. wong sing entute wangi kaya lenga kesturi?. 
Presiden, jendral, kongklomerat, professor, ustad, artis, nini-nini kempong-perot utawane bayi sing nembe lair.., entute ya padha baen.., sadheg.

Sing garep tek preslahaken maring sedulur kiye babagan ngedadiane entut.

Fakta unik ngenani entut

1.    Kang endi asale entut?

Sekang gas usus. Gas nang njero usus menungsa asale sekang angin sing dienggo ambekan, nrobos maring njero usus sing digawa puteran getih, sekang reaksi kimia lan buangan bakteri usus.

2.    Komposisine keprimen?

Werna-werna. Tambah akeh angin sing kesedot kebuk (paru-paru), tambah akeh kadar nitrogen nang njero entut (oksigen nang angin kesedhot jaringan awak sedurunge tekan usus). Anane bakteri lan reaksi kimia antara asem usus lan cairan usus ngasilaken karbondioksida.

Bakteri uga ngasilaken metana lan hydrogen. Bandingane gemantung apa baen sing dipangan rika padha, angin sing kesedhot kebuk, jenis bakteri sing nang njero usus lan pira suwene goli ngangken entut.

Tambah suwe goli ngangken entut, kadar nitrogen nang njero entut tambah akeh, mergane gas-gas liane diabsorbsi getih liwat usus. Wong sing angger mangan gugup, kadar oksigen nang njero entute mesthi lewih akeh mergane awak ora kober ngabsorbsi oksigene.

3.  Nang apa entut mambu bacin?

Entut mambu mergane kandhungan hydrogen sulfide lan merkaptan. Campuran kiye ngandung wlirang. Tambah akeh wlirang sing nang njero panganane rika padha, tambah akeh wlirang lan merkaptan diprodhuksi nang bakteri usus, mulane entute tambah bacin mulek.
Endog lan daging nduweni andhil produksi dudu akehe entut, ningen gandheng-cenenge karo bosok utawa bacine.

4.    Kenang apa entut moni?

Jalarane ana vibrasi silit (bol=bolongan anus) wektu entut metu meng njaba. Serune swara entut gemantung cepet klawan orane gas ndhesek metu.

5.    Nang ngapa entut sing bacin kuwe anget ningen ora moni?

Salah sijine asal entut kuwe bakteri. Fermentasi bakteri lan proses pencernaan ngetokena panas, kasil liyane gas sing mambune bacin. Ukuran plendhungan umpruk gase lewih cilik, anget lan kenthel ngambi produksi metabolisme bakterine sing mambu bacin. Kiye banjutan dadi entut, senajan semendhing ningen SBD (Silent but Deadly), bahasa ngapake marakaken klenger!

6.    Pira kehe entut sedina?

Rata-rata setengah liter dibagi kurang lewih ping 14 entutan.

7.    Nang ngapa entut metune tung silit?

Merga density-ne lewih entheng. Gas ora mlaku mendhuwur metu meng cangkem? Mergane pegawean peristaltik usus meres lan nyurung isine kuwe nujune ngisor. Tekanan nang sekitar silit lewih endhep.

Pegawean peristaltik usus marakaken njero usus ana dhesekan, dadine meksa isi usus klebu gas-gase kesurung maring nggon sing tekanane lewih endhep, yakuwe silit. Wektu isi usus disurung nang gerakan peristaktik, plendhungan umpruk gas sing cilik-cilik nggabung dadi plendungan lewih gedhe.

Angger lagi ora nana peristaltik, plendhungan gas mbrobos mendhuwur maning, ningen ora teyeng adoh mergane wujud usus rumit lan pengkal-pengkol.

8.    Pira suwene wektu sing dibutuhena entut nganti tekan irunge wong liya?

Gemantung kahanan hawa, lembab, suhu, siliring angin, bobot molekul gas entut, jarak adohe transmitter lan receiver. Mbareng entut metu dhut terus nyebar lan konsentrasine terus lewih kurang.
Angger entut ambune ora kewenangan pirang-pirang detik, tegese ngalami pengenceran hawa lan ilang kembul angin. Beda maning angger nang nggon sumpek kaya nang lift utawa mobile, konsentrasine lewih akeh dadi mambune suwe nganti tekan nempel nang pager mbarang.

9.    Apa saben wong ngentut?

Wis mesthi angger egin urip. Wong sing nembe mati baen kadhangkala egin cokan ngentut.

10.Apa bener wong lanang lewih sering ngentut tenimbang wong wadon?

Ora nana hubungan gender. Angger pancen bener, wong wadon lewih sering nahan entut, mulane angger ngentut volumene lewih akeh.

11.Wayah apa biasane wong padha ngentut?

Esuk-esuk angger nang toilet, diarani “morning thunder”. Angger resonansine bagus swarane keprungu kabeh wong sa umah.

12.Nang apa bangsane kacang-kacangan marakaken akeh entute?

Bangsane kacang-kacangan ngandung zat gula sing angel dicerna. Zat gula kuwe (raffinose, stachiose, verbascose) angger gutul ngusus, bakteri nang njero ngusus padha pesta matho-matho lan ngasilaken gas. Jagung, munthul, kobis lan susu marakaken entute akeh (dadi dudu ambune).

13.Seliyane panganan apa baen sing marakaken dadi entut?

Angin sing ke-eleg/kesedhot, mangan gugup, mangan ora dimamah dhimin, nginum soft drink ( ngandhung soda), numpak montor mabur utawa munggah nggunung dhuwur (mergane tekanan angin nang njero montor mabur utawa gunung lewih endhep ketimbang njero weteng, mulane gas nang njero usus ngalami ekspansi terus ndesek metu meng mburi dadi entut).

14.Apa entut padha karo antob, apa mergane metu sejen ndalan?

Ora! Antob metune sekang telih (stomag), komposisi kimiane beda ngambi entut.Antob ngandhung angin lewih akeh, nek entut ngandhung gas kasil produksi bakteri lewih akeh. Dadi beda komposisi.

15.Maring endi lungane entut angger ditahan ora ditokena?

Ora diabsorbsi nggetih, ora bocor. Entut pindah meng usus bagian ndhuwur, mengko angger wis ana kesempatan metu maning bareng kanca-kancane sing lewih anyar. Dadi mung detundha metune thok, ora ilang.

16.Entut bisa kobong apa ora ya?

Gas entut ngandhung gas metana lan hydrogen combustible (padha ngambi gas alam). Dadi angger diobong wernane geni biru mergane ngandhung unsur hydrogen.

17.Angger kaya kuwe bisa apa ora entut nggo ngurubaken rek?

Konsistensine adoh melah meluh, utawa suhune kurang panas nggo mancing pembakaran! (ora jegos ntriger).

18.Nangapa entut asu karo kucing lewih bacin?

Asu ngambi kucing klebu karnivora.Daging sing dibadhog akeh proteine. Protein ngandhung sulfur lewih akeh, mulane entut kewan karnivora lewih bacin. Beda maning kewan herbivore sing mangane godhongan kaya gajah, kebo, sapi, jaran lan wedhus, kuwe lewih akeh entute, lewih suwe, tur lewih seru onine, ningen relatif ora patiya mambu. Ora percaya? jajal diingus-ingus dhewek ngonoh.

19.Apa bener sirah dadi mumet bubar ngambu entut ping 2-3 nurut?

Entut kandungan oksigene semendhing, seliyane gas racun.
Mambu semendhing baen sirah wis bengel apa maning kakehen.
Kenthir apa.. ngambuni entut.

20.Entut wernane apa yah?

Transparan ora nana wernane. Seumpamane ana wernane orange kaya gas nitrogen oksida mesthi keton sapa sing ngentut. Carane nggoleti wong sing ngentut neng pesamuan?, jajal dingus-ingus kabeh githote wong sing nang ngkono mesthi ketemu! Ora percaya? jajal dhewek!

21.Entut kuwe klebu asem, basa utawa netral?

Asem, mergane ngandhung karbondioksida (CO2) lan hydrogen sulfide (H2S).

22.Keprigen ya ngedadiane angger wong ngentut nang planet venus?

Lapisan atmosfir planet venus wis akeh kandhungane sulfur (wlirang), dadi angger ngentut neng ngkana wis ora ngaruh.

Sedulur kabeh mau nang kondisi lan situasi normal biasa.

Beda maning angger wong sing lagi ngguyu latahan nganti kepingkel-pingkel saking lucune kahanan, kadhang-kadhang ngompol utawa ngentut “dhuuut” ora krasa, mergane kontrol otot kandhung kemih lan weteng keganggu, dadi ora bisa nahan kanthi maksimal. Mulane banyu uyuh utawa entut sing wis ngumpul duwe kesempatan nggo metu dadakan.

Lha kae angger wong sing kami gilan keweden, ana anceman utawa stress berat ya cokan ngompol nang kathok, kepentut-pentut, malah kadhang-kadhang kapicirit?.
Prinsipe padha, mung nang ngkene ditambahi tekanan psikologis hebat dadi konsentrasi kendhali otot mau lewih nambah kurange.

Dadi pancen angel tangguhe masalah entut kiye.
Ora teyeng ngentut klenger, mambu entut terus-terusan ya klenger.

Luuuurr… wis ya…, kiye ngetike theklok pisan, garep ngasoh dhimin!.
Kawit mau koh nguleg-uleg entut baen.

Doc. by Bio