Yoo.. Hindari Perilaku Korup...!!

Sabtu, 23 Maret 2013

KLENGER NGADEG (Versi Ngapak)


Parodi Situasi *****)

Assalamu’alaikum… klamit… luuurrr…..

Sedulur ngapak kabeh...!, neng ngendi paran ora diwiji-wiji...!. inyong ndonga, moga-moga rika padha sing sehat waras, olih rahmat lan hidayah sekang Gusti Alloh sing gawe urip.
Sedulur inyong sing bagus lan ayu dhewek…., kayane nembe sepisan kiye Kang Wirya nemoni rika padha ngambi basa (pengantar) mBanyumasan. Ora ngapa-ngapa embok…? Etung-etung ngleluri budaya para leluhur sing wis ndhisiti inyong padha.  Sing penting dijajal dhimin, mbok menawane bisa trep ceples, mergane wis telung puluh tahun lewih ora manggon bareng ngambi wong sing basa pedinane mBanyumasan. Arane wong urip… ya separan-paran koreh nggolet rejeki, mbokan kendhile nganti miring.

Jane kepenginane ya ngumpul sedulur, perek-perekan… dadi teyeng endhong-endhongan lan angger ana apa-apa bisa gagean lung-tinulung.
Inyong kemutan guru ngajiku gemiyen angger mulang cokan ngambi glewehan. Sewijining wektu tau ngomong kaya kiye: ”kowe padha aja wedi lunga sekang kampung mergane nggolet kodhen, wong manuk sing ora gableg kampung, umah utawane lumbung pari baen uripe seneng; teles mangan… ketrima gole umah-umah, gableg anak bojo, asal wetenge wis wareg padha reang tembangan ngambi kaluarga lan kanca-kancane”.
Lhaa… apamaning menungsa tolih duwe mpolo, kepinteran, ketrampilan lan iguh pratikel…, mesthine toli kepengin urip sing lewih mapan lan ana regane tur lewih berkwalitas mbokan? (aja dipadhakena ngambi manuk, Kyaine maning !).

Jan-jane sing garep tek omongena maring rika padha kiye dudu babagan manuk utawane kumpulan erte-erwe, ningen urusan kendhil miring…!

Wektu kiye barang-barang kebutuhan urip langka pisan nang pasar, regane yaa.. padha mundhak ora eram… nganti bakul-bakul sing biasane ora tau demo baen nganti padha mogok wegah dodol… mendhing tutup warung melu demo ngambi kanca-kancane.

Seemut inyong, jaman mbekana masalah dol-tinuku sing biasane protes dhimin dhewek kuwe ya sing tuku…, kadhang-kadhang maring bakule malah nganti mecicil-mendelik ngambi nylathoni…, alesane; ”rega koh larang temen, dodolan kaya maring wong ora wawuh baen, rika ngambi inyong toli wis nglanggan suwe… aja kaya kuwe!”. Kuwe gemiyen…!

Lhaa… bareng siki, wis ana wolak-waliking jaman, sing tuku malah wis ora teyeng protes, garep ngotot pendelak-pendelika.. bebasan ora nana regane…, ora digople….!  teyenge ya mung ngusap dhadha thok.  Apamaning urip neng kota sing apa-apa srawa ana baen... angger garep tuku-tuku tetep kudu nganggo dhuwit, ora teyeng tuku ngambi godhong utawane kreweng (pecahan gendheng)… Teles nganggo godhong gedhang ningen akehe kudu sa trak… (wong didol dhisit).

Inyong lagi mengeng (basa aluse njudeg), kaya ngapa ya sedulurku neng kampung, kahanane sing srawa cupet…, apa ora mung kami thethelen kaya kethek ditulup?, linga-lingo.., garep polah apa…?, bingung endi sing kudu didhisitena? sedheng kebutuhane padha ngambi wong kota, kudu mangan, nyandhang, nyekolahena bocah, modhal dagang cilik-cilikan, utawane biaya tani… mesthine bingung banget gole mbagi toli..? (gari ana sing dibagi).

Wektu semana sing larang regane kawitane bensin.., mbasa regane garep diundhakena sepisan maning nang Pertamina didemo nang masrakat, regane ora sida munggah, dadi awake dhewek mandan ketulung semendhing, teyeng lungan senajan mung nunggang bis umum utawa sepeda montor, lumayan mandan ngirit.

Ngenani larange rega bensin, sing adem-ayem ora patiya keganggu ya mung tukang dokar, tukang grobag sapi, tukang prau gethek, ngambi tukang becak… sebab mlakune ora nganggo bensin. Pancen sih bensine irit, kebutuhane ya sethithik paling-paling ngarah dienggo nglengani rek… Ningen ya kuwe.., sega karo wedang kopine mandan boros luuur…

Plekara BBM, dhongane lagi mandan asooh….., eeh ana maning iwak sapi jleg regane amleng-amleng dhuwur pisan nganti satus ewu sekilo…, eelaadalaah… meled-meled.., bakul sate, bakul gepuk, warung padhang, tukang abon, ngambi bakul daging padha kamitenggengen, theleg-theleg, semelang gumun.., wong rega munggahe koh ora baen-baen nganti satus presen sekang rega maune. Bakul iwak sapi neng pasar mendhing padha  mrei…, mergane angger diterusena gole dodolan salah kedaden nggo paidon utawa protese sing garep tuku iwak sapi…! mulane mendhing turu baen nang ngumah ngambi ngenteni rega stabil.

Mentri Pertanian, Mentri Perdagangan, Importir sapi, nganti Mantri Pasar ibarate diundang kabeh ditakoni...!, diinterogasi...!, kiye keprigen rega iwak sapi nganti bisa kaya kiye?... rega koh dadi munggah nganggo sekarepe dhewek. Jawabane koor bareng-bareng… ”spekulaaaan…".  Eeeeh… menungsa sing rumangsa dadi spekulan, sing tukang ngothak-athik rega daging sapi ya melu ngrameni gawe counter issue liwat koran; jere stock sapi lanang langka, produksi ternak sapi lokal mung semendhing, nganti sapi wadon baen disembelehi..! Dadi kudu ditambahi import maning sekang Ostrali utawa New Zelan….! Eh.. dijawali maning nang Mentri Pertanian; jere miturut dhata, sapi lokal populasine cukup, sapi wadon ora nana sing disembeleh, paling-paling sing wis tua utawa sing wis ora produktip, mulane aweh saran ngarahe kran import ora susah dibukak kambanen, mergane mengko rega sapi lokal bisa ajur mumur..! Aakuuuur pak Mentri….!
Sabubare rame-rame soal sapi, rega iwak sapi alon-alon mandan temurun maning semendhing.

Untunge inyong ora tau madhang neng restoran, ketemu panganan iwak sapi baen angger ana slametan utawa ditukokena mantu inyong.
Kayane ingon-ingon nang pekarangan mburi ngumah wis cukup dienggo ngunggahaken gizi keluarga. Kepengin nyembeleh ayam kari ndimek, kepengin iwak trewelu kari nyembeleh, garep mancing gari maring kali utawa mblumbang mburi, garep gorengan welut gari ngurek neng sawahe tanggane.  Mung upamane garep slametan utawa pesta sing mandan gedhe paling-paling nyembeleh wedhus, ora kodal nyembeleh sapi… kegedhen iwake, mbok ora entong…….!
Istilah Kyai Gusdur: ”Kaya kuwe baen repot…" hehehe… ujarku rame temen lakon kiye…yaa…?

Ora let suwe ana kahanan maning stock kedhele langka, regane larang. Dadine dulur-duluranku para pengrajin tahu-tempe sambat, mergane biaya produksi ora ketutup.  Masa iya usaha montang-manting nganti kaya tempaling olih-olihane tekor. Angger diterusena mesthine bisa gagean bangkrut.  Wektu kuwe sing demo malah para bakul nang pasar, pengrajine dipeksa gawe tahu-tempe maning, ora olih mandheg…!
Pengrajin tahu-tempe meneng theleg-theleg kemlengeren.
Konsumen tahu-tempe padha koloh jenthik, ora bisa mangan mendhoan, apamaning tahu Sumedang. Pemrentah kalang kabut nggolet solusi keprigen carane ngatasi persoalan kiye.
Mentri Perdagangan, Mentri Perindustrian, Mentri Pertanian kabeh dikumpulaken maning, perlune ngrembug babagan rega tahu-tempe sing ora sebaene lan barange langka nang pasar. Apa sebabe kedhele langka, pertanian palawija gagal?, impor sering ningen barang nang pasar langka, apa kedhelene ditumpuk (ditimbun)..? sarana transportasi nggo ngangkut kedhele wis ana lan mulus kabeh, ningen ya kuwe distribusi kedele ora wrata…. duh biyuuung….! kedheleee…., kedhele…. minggat ngendi kowe?
Nang sisih liya kae jajal dideleng.., para spekulan kedhele cengar-cengir kebungahen, wetenge nganti padha mlendung buthung, wudele baen bodong nganti mengo…..?
Tempe…., tahuuu…, tempe…., tahuuu.., panganan bergizi go wong sing gableg dhuwit… Lha wong penginyongan mangan saben dinane baen ggo ngganti iwak ngarahe bergizi, diganti ngambi tahu-tempe sing lewih murah. Siki tahu-tempe langka, apa garep diganti maning ngambi tempe bongkrek? Bisa-bisa padha wuru (keracunan), angger dipeksa kayane inyong padha gagean medodong mlebu ngluang.  Gemlethek temen inyong seduluur….

Rega tahu-tempe mandan normal semendhing, ehhh… ana maning kabar paling anyar sekang beyung bocah; jere rega bawang ngambi brambang padha munggah nganti tekan satus ewu maning sekilo. Ibu-ibu, bakul, pemrentah sing dadi regulator sontak koor bareng “kiye kudu cepet-cepet diatasi, apa mangan kudu ngasrep utawane olah-olah mung diceplungi uyah thok? Kebangeten temen spekulan goli gawe kisruh, pinter temen deneng….., ora eling maring Gusti Alloh, apa neng dunya garep urip dhewek?”.

Anane rega barang-baran kebutuhan pokok larang ora terkendali, kabeh rega munggah nganti satus ewu…, nang pasar langka lan distribusine ora wrata, kiye jan-jane mretandani sing diwehi tugas ngurus ora becus, ketungkul ngurusi masalahe dhewek thok. Sistem ketahanan pangan ora mlaku, masterplan pangan kanggone negara agraris ora komprehensip, utawane kakehan peraturan rumit (regulasi) sing ora perlu, istilahe 'kedawan gagang'. 
Cilaka temen seduluuur..., apamaning mengko gutug anak putu inyong padha, garep kepriben?

Sawetara pejabat publik akeh sing ora amanah, pegaweyane mung ngumpulena barang mewah, umah mewah, pekarangan utawa kebon sing amba, montor model anyar, bojo enom sing ayu-ayu…, pokoke apa baen sing bisa diusung digawa bali ngumah detumpuk kaya sremet wirog (tikus) lagi angrem……

Badan legislatif sing kudune dadi panggonan gendhu-gendhu rasa (penyampaian aspirasi) wis ora kena diendelaken, sebabe kupinge wis padha budheg, ketungkul ngurusi kasuse dhewek… dadine wong garep nyaluraken aspirasi sing kudune liwat pejabat eksekutif utawane legislatif salurane wis mampet ketutup, mulane padha kepeksa nganggo dalan pamungkas, demo mbeker-mbeker nganggo TOA nang ngarep kantor dewan, kantor pemrentah, utawane panggonan strategis liyane, ngarahe wong liwat utawane sing simpati padha krungu.

Ngarepi kahanan kaya kiye Kang Wirya dadi “Klenger ngadeg”.

Kanggo bahan pangemut-emut sedulur padha kiye ana kutipan piwulange Pujangga Ronggowarsito, nggambaraken : ”Jamane jaman edan, yen ora melu ngedan ora keduman”, -- ”sak begja-begjane wong kelalen, egin begja wong sing eling lan waspada” (basane di-mBanyumasaken).

Sedululur mBanyumasan, mageh bareng-bareng nyonto perjuangane para suwargi, luhur sing wektu uripe duwe kelakuan lenceng lan amanah, rila lahir-batin merjuangaken bangsa lan agamane kaya dene: Pak Dirman, Pak Gatot, Pak Susilo Sudarman, Pak Parjo, Pak Pujadi, lan preyayi mBanyumas liya-liyane egin akeh maning ora tek sebutena siji-siji… wong inyong dhewek mandan kelalen…. Pokoke kawit jaman gemiyen tekan siki… sing uripe ora neka-neka ya kuwe didadekena conto.

Sedulur ngapak sing bagus lan ayu dhewek, mayuh padha ndonga bareng maring Gusti Alloh sing Maha Kuasa; moga-moga inyong ngambi rika sekeluarga padha diparingana waras, slamet, kuat, oranana alangan lan sambekala, urip ayem tentrem, cukup nyandang-mangan, kumpul anak putu kanthi bahagia, teyeng mbangun keluarga sakinah lan warrohmah. Aamiin. 

Klilaan…. wassalam…

Doc. by Kang Wirya