Yoo.. Hindari Perilaku Korup...!!

Jumat, 24 Juni 2016

PANDHAWA MUKSWA

Gambar: Sanggar Nirmala Sari
Sakpurnaning Bharata Yudha Jayabinangun, para Pandhawa lajeng sami boyongan dhateng negari Astina.
Negari Astina nulya kagantos nami:
"Ywastina". Awit rikala Parikesit lahir ngantos ngancik dhiwasa lan kajumenengaken nata ing negari Ywastina, para Pandhawa taksih paring pangayoman lan mangestreni. Nanging para Pandhawa sangsaya tambah sepuh.
Nuju ing hari sajuga, Prabu Puntadewa pamitan dhateng ingkang garwa badhe nggayuh kasampurnaning dumadi, minggah dhateng Gunung Mahameru.

Ewa semanten Sang Dewi Drupadi tan purun tinilar. Amargi Sang Dewi Drupadi sampun prasetya bilih pejah lan gesangipun badhe sesarengan kaliyan ingkang garwa. Mila lajeng dipun keparengaken sesarengan, ndherek tindak dhateng Gunung Mahameru.

Sedaya para rayi, nenggih Raden Werkudara, Raden Harjuna, Raden Nakula lan Raden Sadewa, sami mboten tega, wusana lajeng ndherekaken tindake ingkang raka.
Enggaling kang cinarita, Prabu Puntadewa, Dewi Drupadi, Raden Werkudara , Raden Harjuna, Raden Nakula lan Raden Sadewa, sami tata-tata lajeng bidhal dhateng Gunung Mahameru.

Nalika tindakira dumugi ing ereng-erenging Gunung Mahameru, kadadak wonten Sona Pethak (Anjing Putih) ingkang mrepeki dhumateng Prabu Puntadewa. Senadyanta mboten saged tata janma, nanging Sang Prabu Puntadewa tanggap ing sasmita, bilih Sona Pethak kalawau ugi nggadhahi gegayuhan ingkang sami. Prabu Puntadewa rumaos kamiwelasen, sak-engga lajeng dipun keparengaken ndherek sesarengan. Sona Pethak kalawau sanget lulutipun lan tansah akekinthil dhateng Prabu Puntadewa.

Para Pandhawa murwakani minggah Gunung Mahameru. Sangsaya mindhak minggah tindakira, sangsaya damel tintriming swasana. Karana maruta kang tumempuh maweh raos asreping badhan salira, binarung pedhut mangampak-ampak. Kabekta dening raos atis, satemah Dewi Drupadi ndrodhog wel-welan, saengģa dhawah kantaka. Noyah-nayuh Bathara titi mangsa, Dewi Drupadi sirna marga layu.

Riwusnya rinukti jasadira, sigra nglajengaken lampah. Nanging udakawis sakpembalangan, Raden Sadewa tumunten mboten saged mlampah lan dhawah kantaka lajeng sirna marga layu. Sumusul Raden Nakula ugi sirna margalayu. Raga kekalih ical saking pandulu (mukswa).

Prabu Puntadewa ingkang dipun kinthili Sona Pethak kalawau teras nglajengaken lampah, kadherekaken rayi kekalih, nenggih Raden Werkudara saha Raden Harjuna. Nanging Raden Harjuna dhawah kantaka, nglempuruk tanpa daya, ical bebayune. Sirna margalayu. Kuwanda ical saking pandulu (mukswa). Pan antara dangu sinusul dening Raden Werkudara ugi sirna margalayu, karana dhawah kantaka. Raga ugi ical saking pandulu (mukswa).

Hamung Prabu Puntadewa lan Sona Pethak ingkang saged lulus lestari raharja dumugi puncaking Gunung Mahameru. Sigra pinapag dening Hyang Pukulun Bathara Hendra. Korining Swargajati badhe kabikak. Nanging Sona Pethak mboten dipun keparengaken mlebet, amargi papanipun wonten ing Yomani (neraka).
Prabu Puntadewa lajeng matur, menawi Sona Pethak mboten dikeparengaken ndherek, trimah sesarengan kaliyan Sona Pethak kemawon, mapan dhateng Yomani. Wusana Sona Pethak lajeng babar dados Hyang Pukulun Bathara Dharma. Setemah nguntapaken ingkang putra dhateng Kaswargan Jati.

Gambar Koleksi: ‘Sanggar Nirmala Sari’.

Dening Ki Asman Budi Prayitno

Tidak ada komentar:

Posting Komentar